NASKAH GEGURITAN

-->
MENIKA LINK UNDHUH NASKAH GEGURITAN
http://mancing-ingsun-bocah.4shared.com
http://naskah-geguritan-rar.4shared.com
http://geguritan-revolosi.4shared.com
AMANDEMEN BANGSAKU
:
siji mbaka siji klakon diprotholi
watu pondhasi kinemulan luluh cor dadi seksi gumlethak ing tangise ratri
watu kali dadi seksi yen bangsa iki mbiyen bakuh anggone nggondheli...
jaman landhepe mimis bedhil
jaman kebak rasa pangrasa
lan jaman landhep lambe puniki amung dadi pacelathon
tumrap saweneh golongan kanthi alesan mbusak "kediktatoran lan penindasan"

yagene mega kang temlawung kae saya tambah kandel
nalikane swara bantas ngumandhangake tembangmu kang ujare bisa nambahi kaendahan
kepara sing keprungu swara lamat-lamat bebantahan
rebut bebener lan adu goblog
butarepan dadi siyunge kekarepan

amandemen bangsaku
kuwawa nyukil watu pondasi cagak omahku
dibuang sebrung ing jlondhangan mburi omah
dianggep klilip tumrap gandarwa ngejawantah ...njejarah...
germo... lan ciblek munggah mbale
nguman-uman kyai pendita dalasan wiku
sangune amung rupa ayu lan rupiah

amandemen bangsaku
dadi piranti kanggo ngluru pangkat drajat lan semat
rerikatan muja drajat mumpung rembulane durung panglong...

amandemen bangsaku
dak tulis guritan iki kanggo pangeling yen sejatine wis wola-wali slirane kepengin nyukil watu pondasi iki kang tansah nemu gronjalan

--- 17 agustus 2014

JUDULREVOLOSI....DUDU MAKSIYAT
DENING JAROT SETYONO
KETERANGAN  NASKAH IKI KAPILIH DADI 10 NASKAH PALING APIK ING FESTIVAL GEGURITAN TINGKAT PROPINSI JAWA TIMUR RIKALA TANGGAL 18 MARET 2010  KANG DIANAKAKE DINAS PENDIDIKAN  PROPINSI JATIM
undhuh : http://geguritan-revolosi.4shared.com
 
Dak kawal sepira dayane kekuwatanmu
Nganggo tanganku kang alus
Kaprawiran dudu bangsane kodhok ngorek kang mung bisa muni theyot-theblung ana blumbang sesongaran

Iki jaman makarya......
Kanggo ninthingi getih kang wus didhedher ana pertiwi
Senadyan mung saglugut aren kapitayanmu kang tumempel ing badanmu
Ananging tansah piguna kanggo wewaris anak lan putu

Revolosi dudu maksiyat....
:yaiku mujudake lakune kodrat, tanda sepira kapitayanmu.....kaluwihanmu......
Globalisasi ora ateges ngeblat...
Ananging kudu tansah njaga jejege keblat...
Revolusi ora ateges maksiyat...
Ananging kanggo ninthingi sepira kandele anggonmu nggondheli keblat
: Yaiku Keblate langit wetan aja nganti kebandhang wong edan......

Bangsa iki dudu bangsa tembre kang mung nduwe lakon miring
Amung sliramu kang bisa ngajeni rekasane.....

Trenggalek, 03 Maret 2010





Gancaran      
JUDUL                   :  REVOLOSI....BUKAN  MAKSIYAT
DENING                 :  JAROT SETYONO

Dak kawal sepira dayane kekuwatanmu
(Aku kawal seberapa besar kekuwatanmu)
Nganggo tanganku kang alus
(Dengan tanganku yang halus)
Kaprawiran dudu bangsane kodhok ngorek kang mung bisa muni theyot-theblung ana blumbang sesongaran
(Kepahlawanan bukan hanya sekedhar bisa bicara seperti katak yang bernyanyi dikolam mengumbar kesombongan)

Iki jaman makarya......
(Ini jaman berkarya.....)
Kanggo ninthingi getih kang wus didhedher ana pertiwi
(Untuk menghargai darah kang sudah ditumpahkan di bumi pertiwi)
Senadyan mung saglugut aren kapitayanmu kang tumempel ing badanmu
(Walaupun hanya sekecil “glugut aren” kemampuan yang ada dibadanmu)
Ananging tansah piguna kanggo wewaris anak lan putu
(tetapi tetap berguna untuk diwariskan anak dan cucu)

Revolosi dudu maksiyat....
(Revolosi bukan perbuatan jahat)
:yaiku mujudake lakune kodrat, tanda sepira kapitayanmu.....kaluwihanmu......
(:Yaitu merupakan jalannya kodrat, tanda seberapa besar kemampuanmu.....kepandaianmu.)
Globalisasi ora ateges ngeblat...
(Globalisasi itu bukan berarti mengeblat)
Ananging kudu tansah njaga jejege keblat...
(Tetapi harus selalu menjaga berdirinya keblat)
Revolusi ora ateges maksiyat...
 (Revolosi bukan berarti perbuatan jahat)
Ananging kanggo ninthingi sepira kandele anggonmu nggondheli keblat
(Tetapi untuk mengukur seberapa tebalnya kamu memegang teguh keblat)
: Yaiku Keblate langit wetan aja nganti kebandhang wong edan......
(:yaitu keblatnya langit timur jangan sampai tergiur oleh orang gila)

Bangsa iki dudu bangsa tembre kang mung nduwe lakon miring
(Bangsa ini bukan bangsa kecil yang hanya punya perjalanan buruk)
Amung sliramu kang bisa ngajeni rekasane.....
(Hanya kamu yang bisa menghargai usahanya dan jerih payahnya.....)


Trenggalek, 03 Maret 2010




JUDUL            :  NALIKA BUMI DHUHKITA
DENING         :  JAROT SETYONO


Dak ungak esemmu kang cinathet ana kekayon
Kanggo pepeling yen aku tansah bekti marang endahe asmarandana
Senadyan pupus kang tinandur mung kari siji loro kang mrajak semi
Kanggoku dudu alesan melu-melu kebandhang....

Dak tembus miringe gedhong tuwa nganggo landhepe panggraitaku
Nalika bumi pertiwi lagi mlaku nembus dhuhkitane kembang kacang
Senadyan bagaskara saiki wis rada ngglewang ninggal kekayon ing gumuk
Kuwi dudu alesan kanggo lali nenuwun mijile wahyu kanarendran

Dak aras lathimu nganggo legine dhandhanggula
Ngrerintih ana sela-selane gempilane manah kang tansah ditabok...dijewer.....
Dening ganase geni kawah kang tansah obah mawalikan

Aku mung saderma manungsa lumrah....
Muga Gusti paring kemurahan gegayuhan iki....


Trenggalek, 09 Maret 2010




GANCARAN
JUDUL            :  NALIKA BUMI DHUHKITA
DENING         :  JAROT SETYONO

Dak ungak esemu kang cinathet ana kekayon
(Aku tengok senyumu yang tercatat di pepohonan)
Kanggo pepeling yen aku tansah bekti marang endahe asmarandana
(Untuk mengingatkanku yang selalu berbakti terhadap indahnya asmarandana)
Senadyan pupus kang tinandur mung kari siji loro kang mrajak semi
(Walaupun daun muda yang ditanam hanya tinggal satu dua yang tumbuh subur)
Kanggoku dudu alesan melu-melu kebandhang....
(Buatku bukan alasan untuk ikut-ikut tergiur.....)

Dak tembus miringe gedhong tuwa nganggo landhepe ati lan panggraitaku
(Aku tembus miringnya gedhung tua dengan tajamnya hati dan perasaanku)
Nalika bumi pertiwi lagi mlaku nembus dhuhkitane kembang kacang
(Ketika bumi pertiwi sedang berjalan menembus kesedihannya bunga kacang)
Senadyan bagaskara saiki wis rada ngglewang ninggal kekayon ing gumuk
(Walaupun matahari sudah menuju kearah barat meninggalkan pepohonan di bukit)
Kuwi dudu alesan kanggo lali nenuwun mijile wahyu kanarendran
(Itu bukan alasan untuk meminta turunnya wahyu kemuliaan)

Dak aras lathimu nganggo legine dhandhanggula
(Aku cium bibirmu dengan manisnya dhandhanggula)
Ngrerintih ana sela-selane gempilane manah kang tansah ditabok...dijewer.....
(Merintih di sela-sela keroposnya hati yang selalu kena tempeleng....kena jewer...)
Dening ganase geni kawah kang tansah obah mawalikan
(Oleh ganasnya api kawah yang selalu bergolak)

Aku mung saderma manungsa lumrah....
(Aku hanya manusia biasa...)
Muga Gusti paring kemurahan gegayuhan iki....
(Mudah-mudahan Gusti Allah memberi berkah cita-cita ini...)

Trenggalek, 09 Maret 2010



-->


Mancing ana kali tengah desa
Umpanku cacing lelur Jam setengah sanga
Ijen tanpa rowang
Mangka biasane, bapak kang ngancani
Jumadi tanggaku uga melu,  Slamet adhiku apadene

Mancing ana kali tengah desa
Dak uncalake pancingku nengah nganggo walesanku
Ana kodhok kaget mencolot nututi umpan
Ngungak tingkahku

Ing kahanan nglangut aku ngudarasa
Umpama iki mung kalen cilik
Wis wiwit mbiyen amblas diuntal pabrike wong sugih dhuwit

Mancing ana kali tengah desa
Sinambi ngudarasa, ngudhal pangangen ….kumleyang ing alam awung
Pangangene bocah kampung kang nyidham arume kaendahan alam maya kang saya adoh kena sembranane alam modhernisasi
Mangka iki isih jam sanga
Thukule tetuwuhan beton cor ing kana-kene dadi ancaman asate kalen cilik kang saiki ana ngarepku
Iwak-iwak kang biasane pating sliri saiki lunga ….apa musna ….?!
Iki kalen desa warisane simbah….. mbiyen kanggo ngoncori sawah
Saiki kanggo mbuang limbah
Jawa dwipa pulone pari lan palawija saiki dadi pulo beton cor lan limbah
Klintrek-klintrek ngetokake ganda badheg
Luwih badheg tinimbang badhege jumbleng mburi omah
Luwih badheg tinimbang badhege lambe-lambe angganda badheg
Kalen desa nyimpen crita kasangsayane wong adesa kang dadi obyek kanggo nggayuh panguwasa

 Iki iwak kali kang mbiyen rasane gurih … nikmat….
Mung wong sehat kang bisa ngerti endahe nikmat lan rohmat
Nglangi ana sela-selane unthuk kang munthuk …mumbluk kebak  umbluk…
Sisike saiki malih abang … malih ijo …malih kuning…lan blurik
Mripate clilang-clileng memper togog
Geneya iwak barang saiki malih dadi togog???!
Geneyaaaa…..?!

Nggalek, 062003
 



BOCAH KAE
DENING              : JAROT SETYONO.

Bocah kae nganggo sandhangan prasaja
Ngulatake mega, ana gegambaran aneh ing pikirane

Saben esuk aku weruh dheweke ana kono
Ing ndhuwur buk ngarep panti
Nganggo sandhangan prasaja
Ana gegambaran aneh ing pikirane

Bocah kae kalungan kacu
Ora nganggo sepatu
Nyekukruk kelangan pangarep kang tansah ngreridhu impene
Nalika aku matur simbah
Ana gegambaran aneh ing pasuryane

Bocah kae tansah ngglibet, ngridhu atiku
Dudu merga umure kang luwih nom tinimbang aku
Pikiran aneh kang temangsang ing pikirane kuwi
Kang njalari ngridhu atiku

Bocah kae ngaton maneh
Ing esuk kang atis
Simbah dak undang, ngemu surasa sumelang
Pasuryane dumadakan katon aneh
Pikiranku dumadakan katut aneh
Bocah kae pancen aneh …

TRENGGALEK, 22 JULI 2004


I N G S U N
DENING             :   JAROT SETYONO

Ingsun asal saka kedadeyane sarine bapa lan ibu
Campuh dadi suwiji, tan mesthi dadi ingsun
Ingsun sawijine dluwang putih
Putihe banyu segara
Segarane kang pinunjul, kang kabuncang ing jembare mega

Ingsun dudu geni, genine kabungahan
Kang nedya ngobong putihe dluwang-dluwang putih

Ingsun lair kadidene paraga, paragane ndonya
Ndonya padhang gilar-gilar
Gumebyar nembusi peteng ampak-ampak

Ingsun dadi bageyane ndonya
Kang tansah dijaga, diemban
Dening ibu bumi bapa angkasa
Kakang kawah adhi ari-ari

Ingsun mlaku urut rumpile kawah
Kawahe kang ndhepani candhala,
Golek slamet lair tumuse batin, batine kayu jati

Lan ingsun bangsane godhong
Kang ngrembayong, kopat-kapit katiyup angin
Kabuncang mega, megane panguripan ing alam padhang
Ingsun kepengin leladi, leladi kanggo gunung
Gununge kasampurnan, sampurnane panguripan
Dadi tumbale kautaman, urut lakune kabagyan…


TRENGGALEK, 05 MARET 1991

NGGENJOT SEPEDHA
DENING   :  JAROT SETYONO

Nggenjot sepedha mubeng kampung
Rame-rame karo kancaku
Nggenjot ngiwa
Nggenjot nengen
Sepedhaku migat-migut
Nut wiramane sikilku
Sepedhaku migat-migut
Nut wiramane kekarepanku

Sepedhaku rupane abang
Jengki dudu…
Mini uga dudu
Saben esuk dak elapi nganggo gombal bludru
Paringane ibu
Katon bregas Katon sehat

Ing ngisor talok cedhak bakul dhawet
Papan kang endhum kanggo njagang si-Jrabang
Kancaku melu-melu
Nebas dhawete …
Nebas jajane …

Nggenjot maneh…
Nggenjot maneh …
Ngguyu maneh …
Ngguyu maneh …

Srengenge wis ngglewang ngulon
Sepedhaku kumleyang ing alam pangimpen.


Trenggalek, Juli 2003




Tidak ada komentar: