ALAMING LELEMBUT


DHANYANG DHUKUH TUMPANG
DENING : JAROT SETYONO


                  Tumpang salah sawijine dhukuhan kang manggon ing sakulone desa Sumberdukun kec. Ngariboyo, kabupaten Magetan. Klebu kelurahan Selapanggung.  Dhukuhan tumpang mujudake dhukuhan kang gersang. Awit umpama ora ana PDAM, wargane ora bisa golek banyu resik, sumur gak isa metu banyune….
                  Nalika kuwi  jam 10 bengi. Bocah-bocah langgar desa Sumberdukun lagi padha ngumpul. Sing diomongake pekara dhayangan dhukuh Tumpang kang manggone  mepet karo desane.
                  “Dhayangan kae kerep dinggo nyadran. Mula ya wingit. Akeh ndhemite. Plawangane sing jenenge Glondor kang omahe persis neng ngisor dhanyangan kae sing crita…..”
                  “He…. Mosok ta?! Glondor rak wong segleng! Ora jangkep pikirane. Mosok bisa crita lan dadi plawangane?”
                  “Aku ora percaya yen dhayangan kuwi angker…”
                  “He aja sembrana mengko krungu sing mbaureksa….”
                  “Alaaa…. Mbaureksa mbelgedhes!! ayo  sapa sing kepengin mbuktekake yen dhayangan kuwi ora ana apa-apane melu aku….”
                  “Arep mbok apakake dhayangan kuwi?”
                  “Wis ta ayo. Saiki goleka linggis sing gedhe-gedhe…”
                  “Gae apa linggis?!”
                  “Gae njugil watune kang tumumpang ing watu  gedhe mblebek kae ta! Kareben gak ana maneh dhayangan tumpang kang dianggep angker kuwi….”
                  Akhire pacelathon mau rampung. Kang jagongan ing kono  malih dadi rong kelompok. Sing siji kang rumangsa miris lan jirih pilih mulih nyang omahe dhewe-dhewe. Dene liyane padha mulih lan baline wis nggawa linggis kabeh. Gegancangan lakune enggal digelak daya-daya enggal tekan papan kang dituju.
                  Kang diarani dhayangan Tumpang kuwi mujudake papan kang lindhuk. Manggon ing ereng-ereng. Ing ngisore mung ana omah siji ndhil omahe Glondor kang dening wong-wong dianggep wong gendheng.  Ing panggonan kono tuwuh wit preh kang gedhe banget ngrembayong godhonge ngeyupi sawijine papan kang ana watune loro gedhe-gedhe. Sing siji wujud watu mblebeg amba kependhem lemah dene sijine wujud watu bunder semu lonjong kaya endhog. Kira-kira gedhene meh sak kebo ndhekem. Niyate bocah-bocah kuwi arepe njugil watu kang memper endhok kuwi. Banjur dirusak papane supaya ora dianggo nyadran.
                   Tekan panggonan kang dituju enggal-enggal bocah enem kuwi tumandang. Linggise enggal ditata. Keprungu lamat-lamat swara gludhuk ing kadohan. Nggawe miris. Nanging ora nglunturake semangate bocah-bocah kuwi. Ora let suwe Agus kang mandhegani rombongan kuwi menehi aba-aba … siji….loro …teluuuu….. mak gludhug….gludhug…. watu kang gedhene sak kebo ndhekem mau klakon didhongkel saka papane mlorot medhun urut gampeng. Mbareng gemludhuke watu kang ngegirisi mau dumadakan ana swara jumlegur banter banget kaya mecahne kendhangane kupinge bocah enem kuwi. Sapandurat bocah enem kaya kena bawane hipnotis. Kabeh mentheleng nanging panyawange kosong. Dene watu kang nylurut mudhun urut gampeng mau bablas mlebu pekarangan omahe Glondor. Swararane kemrosak nubruk cagak pring teras omah kang wis reyot kuwi.
                  Oleh sauntara wektu suwene cah enem mau padha sadhar maneh. Wiwitane Agus kang dhisik dhewe sadhar. Terus dheweke ngoyog-oyog awake kanca-kancane. Sawise kabeh padha sadhar, sanalika rasa wedi nggrumuti anggane bocah enem mau. Lan tanpa dikomandho kabeh banjur mlayu salang tunjang ninggal papan wingit mau.  Tekan lambe desane cah enem banjur leren olehe mlayu.  Banjur padha lese-lese ana emperan gerdhon. Udan wiwit neba riwis-riwis. Nambahi  kahanan malih saya miris.
                  “Hee…. Linggise awake kok ora digawa iki mau piye?” salah siji bocah kuwi kelingan linggise.
                  “Iya… geneya  kok padha ora digawa bali”
                  “Aku wedi banget. Apa maneh saka rumangsaku aku mau diglendheng-glendheng tanganku mbek uwong gedhe pidheksa sing aku ora kenal….”
                  “Padha aku ya rumangsa ana wong akeh kang arepe mbanda tanganku. Untunge enggal-enggal Agus ngoyok-ngoyok pundhakku..”
                   Akhire kabeh padha crita pengalamane nalika ora sadhar mau. Akhire kabeh padha ora wani mbaleni linggise……
            Sewengi natas bocah enem gak ana sing isa turu. Mung thelok-thelok ana teras pos kamling. Wayah parak esuk kepeksa cah enem sepakat mbaleni linggis kang kari ana ndhyangan Tumpang merga kawatir mengko tingkahe konangan wong kiwa tengen kono. Tekan papan kang dituju…. Kabeh padha gawok. Watu kang mau bengi kanthi rekasa dijugil mudhun lan nggludhik ana yen sepuluh meter saka papane ndadak esuk mau wis methengkreng ana panggonane sakawit. Dene linggise tumumpang ana sandhuwure. Akhire merga kamiweden kabeh tanpa dikomandho terus mlayu sipat kuping ninggal papan kono ora sida mbaleni linggiis