CERKAK


“NGENTENI NJEBROTE UDUN”
Naskah iki nate di emot ing kalawarti Jayabaya no.35 tanggal, 2 Mei 1993
LINK UNDHUH  : http://udun.4shared.com
               Seminggu maneh wektu kang dijanjekake kuwi bakal teka. Ubarampene upacara wis disiagakake. Werna-werna maceme. Maklum wong ya upacara adat. Dadi ya klebu ngrenyik. Akeh barang-barang kang wis langka anane digunakake kanggo nglengkapi ubarampene upacara adat......
               Upacara adat kang bakal ditindakake iki dudu upacara temantenan apa dene ngethok ususe bayi. Ananging upacara mlothot udun kang angrem ana buthunge. Ujare wa kardi, udun kang disandhang kuwi udun semat!!!. Kamangka biasane udun semat kuwi mung cilik, nanging bisa ndadekake ing awak rasane adhem panas. Lha iki udune nganti sak piring beling gedhene. Ndadekake awak krasa adhem panas temenan. Yen awak bageyan ngisor adhem, wudel mendhuwur krasa panas. Kaya mangkono genti-genten. Lan kuwi kelakone wis sewulan luwih. Kanthi anane udun iki dheweke ora bisa kerja menyang ngendi-ngendi. Mung njingkrung wae ana amben senthong omahe....
               “Undhangane wis diubengake, Marno apa durung, Nah?” pitakine menyang bojone.
               “Uwis kaet wingi, Pak. Eneng apa ta?”
               “Aja sampek ora diubengake. Eman-eman. Wong-wong kae mung  dak anggo saksi. Ujare Wa Kardi, udun semat kang semene gedhene iki metune nggawa rejeki. Coba ta dinalar, Kowe wis weruh apa piye ana wudun kok gedhene sapiring beling kaya udunku iki?!” ujare Giman sinambi mringis merga udune kesenggol drijine nalika nudingi nuduhake menyang bojone mau. Dene Minah kang diabani ora nanggapi omongane sing lanang. Dheweke mesem kecut nalika weruh Giman mringis kelaran. Nanging Minah ora nggape, malah mak slenhteyot metu ninggal papan kono.
               Pancen wiwit udune kuwi mundhak dadi saya gedhe, sejatine Giman kuwatir banget. Jeneh nalika kuwi udune wis sa-lepek lhakok isih tambah saya gedhe maneh. Mulane tanpa kesuwen dheweke njur kongkonan anake lanang ngundang Wa Kardi. Wong tuwa kuwi menehi saran supaya udun kuwi di ingu bae nganti pantog gedhene. Yen wis ngono kudu diplothot. Pamlothote nganggo dikantheni upacara adat. Mbeleh pitik tulak lan pitik walik. Dhapuran pring wulung. Oyot butrawali lan adas pulo waras sagegem. Isih ana maneh ubarampene upacara.
               Gandheng iki mengko upacara adat kaya dene jemukan manten, mulane kudu ana sawatara tangga teparo sing melu nyekseni. Ning Giman ora sarujuk yen upacara pamlothote udun kuwi mung disekseni tangga teparo bae. Mulane njur dhweke ada-ada nyithak undangan. Ngundang kanca-kancane kang omahe ing njaba desane. Kareben padha weruh anane udun kang arang kadhing disandhang wong. Karodene seprana-seprene mbecek menyang ngendi-ngendi, dheweke durung nate nduwe gawe. Mulane mumpung iki ana kesempatan, kanggo ganti ngundang kanca-kancane. Ngiras pantes kena kanggo alesan mbalekne becekan, kaya mangkono panglocitane jroning batine Giman.
               Kira-kira wektune seminggu engkas udun kuwi wis bisa diplothot. Miturut etungane Wa Kardi kang dipasrahi dening Giman nemtokake dina kang apik kanggo pamlothote udun, dina kemis malem jemuah legi kuwi mujudake dina kang becik kanggo upacara adat mlothot udun. Jam-e jam pitu sore. Ora kena kliwat utawa mundur.  Yen sadurunge jam pitu sore, ateges udune isih kemampo. Mesakake sing nyandhang lara. Lha yen kliwat jam pitu ateges udune wis kematengen, ora becik merga bisa nglongkop kulite Giman katut keplothot. Mangkono alesane.
               Kabar ngenani upacara adat mlothot udun kuwi sedhela bae wis sumebar warata desa ngadesa. Ing pasar, ing ngarep gedhong bioskup, ing terminal apadene ing koplakan dhokar. Kabeh wong kang dicatur mung anane udun kang gedhene ora mekakat lan bakal dianakake upacara adat kanggo pamlothote. Malah ana kang nggedhek-nggedhekake crita, yen anane udun kang semono gedhene kuwi kang njalari tuwuhe lindhu kang keri-keri iki ngoregake saperangan panggonan klebu desane Giman sawatar wektu kepungkur. Aa maneh kang kandha yen kang Giman kuwi bakal nemu beja kemayangan. Awit dadi panggonane babonane udun. Kepara malah mbah-mbahane udun. Dadi memper bae yen metune dibarengi lindhu gedhe lan mesthine ya nggawa rejeki kang ora baen-baen uga.
               “Lik Karsid, wedhusmu kae dak silihe dhisik ya. Knggo nyuguhi tamuku kang bakale teka nyekseni lakune upacara adat. Mengko yen udunku iki wis ngolehake rejeki,  bakal dak balekake maneh,” panguwuhe Giman menyang Lik  Karsid kang nembe ngungak kahanane.
               “Ora apa-apa, Man yen kowe butuh. Perkara baline ora susah mbok pikir saiki. Sing penting awakmu waras dhisik,” Lik Karsid nyauloni tembunge Giman.
               “Iki mengko uga dak cawisi kothak kanggo wadhah becekan kok, Lik. Dadi mengko ben gak bingung sing arepe nduwe niyat mbecek...” Giman nerusake kandhane menehi keterangan menyang Lik Karsid.
               “Dadi mbesuk kuwi uga adeg terob barang yen mangkono?”
               “Iya, Lik. Tuwekana bocah-bocah kang adeg terob ya, Lik”
               “Aja kuwatir, Man....”
               Krungu tembunge Lik Karsid, Giman marem banget. Ora let suwe Giman ngundang anake lanang ngakon nuntun wedhuse Lik Karsid dipindha menyang kandhang mburi omah.
               Seje maneh karo persiapane pak er-te kang wis mbayangake bakal ketekan tamu kang ora sethithik ing lingkungane. Enggal bae nganakake sapotemon lan rapat darurat karo para anak buahe dalah anggota Karang Taruna. Intine mbahas kemungkinan-kemungkinan kang ora dikarepake. Hansip desa dijaluki bantuan keamanan dibantu anggota Karang Taruna sing gothot-gothot. Dene anggota Karang Taruna liyane diwarah ngenekake jasa penitipan sepedha lan ditarik saeklase kena-kena kanggo tambah kas er-te lan nyumbang iuran menyang desa. Maklum iki kesempata langka kang bisa ngetokake dhuwit. Dadi aja jarake muspra lan mung oleh kesel thok...” Makono pak er-te kang klebu canggih pola pikire kuwi menehi wewarah menyang para Karang Taruna kang racake isih bocah sekolah.
               “Mengko pembagian asile ngene ya....10% menyang desa, 50% menyang kas er-te, 10% kanggo hansip desa lan sisane puraken kanggo tuku rokok....” pak er-te wis ngedum asile jasa penitipan sepedha. Dheweke  uga njaga kemungkinan-kemungkinan bocah-bocah kuwi mblero ora pangerten menyang dheweke. Mulane kudu di antisipasi pisan.....
               Saya nyaketi dina kang ditemtokake ana undhangan, kahanan wis sarwa siap. Ert wis siap kanthi ngerigake para anak buahe. Ana kang kapatah njaga keamanan mbantu hansip desa, ana kang bagian njaga jasa penitipan sepedha, ana uga kang kapatah mbantu kesibukane tuan rumah.  Wong-wong wadon uga ora kari, melu rerewang ana pawon. Yen kaya mangkono kuwi katon guyup-rukune para warga. Sipat gotong royong kang wis diwarisake mbah-mbahe mbiyen banget anggone diugemi temenan.
               Dina Kemis esuk gendhing-gendhing jawa wis muni ngungkung saka omahe, Giman. Kanggo keperluan iki, Giman wani nekakake gamelan saka njaban kutha kang wis kondhang, komplit niyaga dalah sa-dhalange pisan. Bengine, sabubare upacara adat plothotan bakal dianakake wayangan sewengi natas. Njupuk lakon Tumurune wahyu Karaharjan. Wahyune wujud wudun kang bakal menehi karaharjan menyang Giman sing ketiban wahyu... mangkono wewarahe Wa Kardi menyang dhalange. Pakeme manut Ki dhalang, dene sing penting critane di enggokake menyang kahanan samengko kang dialami Giman. Dhalange manthuk-manthuk sarujuk Senadyan ing batine dheweke uga bingung lakon apa kang bisa dikepyakake sing memper lelakone Giman. Ananging sedhela bae dheweke mesem, masa dhalang bakal kentekan lakon, mangkono panglocitane jroning batin sinambi prengas-prenges nampa job.
               Ora krasa wektu wis mrambat wanci sore. Ing rata ngarep omahe Giman wis akeh pawongan kang padah kepengin mangerteni lakune upacara adat  plothotan. Gandheng dudu kadange lan rumangsa ora oleh undhangan, kanggo mlebu menyang terob, mulane njur padha pating sliri ana sangarepe terob nunggu tekane wektu upacara adat plothotan.  Akeh uga kang padha cangkrukan ana warung-warung pinggir dalan. Desane Giman sore kuwi jan malih regeng temenan. Pranyata pambadhene pak er-te ora bisa diselaki. Panggonan parkir wiwit ndliir diparani wong saperlu nitipake kendharaane kareben aman lan tenang anggone padha nonton lakune upacara aneh kuwi.
               “Jam pira upacarane, Mas?” saweneh pawongan kang nembe nitipake sepedha motore takon menyang pawongan liyane.
               “Jam pitu...” nyauri sinambi tetp iwut jungkatan ingarep kaca spion.
               “Dadi yen iki isih jam setengah pitu, watara setengah jam maneh’
               “Jare dikirab mubeng desa barang ya mengko?”
               “Kabare ya ngono.....”
               Durung cukup anggone nyauri, dumadakan ing ratan persis ing ngarep omahe Giman ana mobil mandheg. Kabeh ana papat cacahe. Ana tulisane kabeh. Dadi tontonane wong-wong sing rubung-rubung ing papan kono. Apameneh bareng sing mudhun saka mobil kuwi ana Landa-ne barang. Kahanan malih tansaya regeng. Sing ana mburi ngesuk kepengin ngerteni Landa saka ngendi kang kepengin melu nonton upacara adat plothotan kuwi?!
               “Nuwun sewu kula menika saiking Jakarta kepengin tumut nyekseni lampahe upacara adat menika menapa dipun keparengaken?” Sala siji kang sajake Guide-ne kuwi nembung menyang Minah.
               “Mangga mawon, mboten kawratan kok”
               “Matur suwun sanged. Mangga dipun tepangaken, Menika kanca saking manca negari, sing niku reporter saking NHK, niku CNN, lha sing niku saking tipi Ustrali. Dene sing menika saking TPI, niku saking Metro lan sanes-sanesipun. Sedaya badhe ngrekam gambar lampahane upacara adat kangge siaran tipinipun piyambak-piyambak. Terus menika saking Guiness book of record lan menika saking Muri......”
               “Dados semah kula mangke badhe mlebet tipi, nggih pak?” pitakone Minah ngowoh.
               “Nggih... malah mboten namung tipi lokal mawon nanging tipi lura negeri ugi nggiyaraken upacara adat aneh menika. Dados saindenging jagad tumut mirsani adicara menika....”
               “Krungu tembung kuwi, klepat Minah mlayu mlebu njero omah. Ngabari Giman kang nembe lemah-lemah ana paturon.
               “Pakkk....kae lho, kowe arepe di soting.Dilebokake tipi. Mula macaka sing nggantheng ya....” tembunge Minah sinambi nubruk bojone.              
              Sing ditubruk kaget kepati. Ora ngira yen bakal ana pawongan kang nubruk dheweke. Merga saka kagete, Giman nganti kang wektu kuwi nembe miring, njondhil sarosane. Ora mikir yen ing mburine ana kenap cedhak karo buthunge kang ana udune.  Udune kang bakal diupacaraake sedhela maneh natap lingir kenap.  Saking larane dheweke mbengok sarosane. Mlayu metu sinambi gidro-gidro. Getih kang mancur saka udune mili akeh banget. Kepeksa Wa Kardi enggal melu cawe-cawe. Giman kang mlayu metu menyang ratan age diuber.
               Meruhi kedadeyan kuwi wong-wong kang ora ngerti jawane njur melu nguber sing nembe mlayu kelaran. Dumadakan bae gendhing monggang kodhok ngorek kang diwarah Wa Kardi knggo ngiringi lakune upacara plothotan muni ngungkung. Pradhanggane ngira yen upacarane wis diwiwiti. Semono uga para kru tivi uga banjur melu cancut taliwanda. Mlayu-mlayu sinambi nggotongi kamerane. Sing neng njaba terob wong-wong uga banjur saya ngesuk. Kabeh padha maju menyang terob. Gendhing monggang kodhok ngorek saya ngungkung.....
               Giman kang diuber mlayu-mlayu ngubengi omah. Dioyak Wa Kardi kang padha mellu mlayu sinambi nylorotka sentere.  Kru tivi kang lampune padhang banget melu mbantu ngendhaleni kang nembe histeris..... gendhing monggang saiki ganti gendhing ibu pertiwi....
               Wusanane sauntara ngono, Giman bisa dikendhaleni. Gandheng wektune wis jam pitu pas, mula upacara langsung bae diwiwiti diiringi gendhing ibu pertiwi. Sing nembe lara diturokake ana tengah jogan. Tangan lan sikile loro karo dicekeli wong wolu. Ora ana bius-biusan. Giman diiringake memper kaya pitik arepe disembeleh, Banjur Wa Kardi nyandhak waskom terus mak clothot.... clothott.... dheweke nyandhak udune Giman.... diplothot sarosane... Sing nandang lara mbengok sarosane.....akhire semaput ora kuwat nahan larane..... gendhing ibu pertiwi wiwit mau ngungkung.... swarane saiki katon nggrantes ... ngiring larane kang disandhang Giman.....
               Nganti wayange main...terus dina sesuke.... Giman isih durung gelem sadhar.  Pak er-te menehi inisiatif digawa menyang puskesmas. Ing tengah ndalan, Giman ora bisa ketulungan maneh.
               Bener kandhane Wa Kardi yen Udun Semat kang Gedhene Sapiring beling kuwi metune nggawa rejeki. Nyatane akeh wong-wong kang padha nglayat neng omahe Giman nggawa sembarang kalir........*****   








TAYUB MBAH JO

undhuh : http://mbah-jo.4shared.com
      Jayus pancen aneh. Nanging dudu Jayus yen ora aneh.  Kaya kelakuane sing keri-keri iki. Dheweke daftar penyiar radio. Oleh bageyan ngisi acara tayub mbah Jo. Wah ya gayeng. Wong pancen ya mumpuni medhar sabda. Sabda apa sing dibedhah? Sabda tayub !!....
        Oleh sewulan anggone dadi penyiar tayub mbah Jo, acara kuwi dadi acara idola ing wewengkon Bojanegara. Jam rolas awan nganti jam loro. Pas usume wong-wong padha leren makarya. Jayus laop-laop mbedhah surasane gendhing kang bakal diputer. Kadhang ya ditambah banyolanne kang khas. Seger.
                        “Caping nggunung menika nyariosaken salah setunggile pemudha anak negri kang rumiyinipun kesrakat. Tumut berjuang. Manggen teng dhusun-dhusun. Dening tiyang dhusun dipun openi. Sedaya kebetahan pangan dicekapi. Kathik taksih dipun lindhungi nalika manggihi bebaya kanthi diampili caping. Caping ngemu suraos lebet. Saged ugi caping menika kenging dipun artosaken benteng utawi markas tersembunyi. Nanging sareng sampun sekeca, urip mardika, piyambakipun lajeng kesupen kaliyan tiyang dhusun…..”
                        “Lha napa nggih enten ta , Mbah tiyang kados ngaten menika….”
                        “O, akeh. Malah jaman saiki saya akeh. Coba eling-elingen sapa sing bengak-bengok nalika usum kampanye kae?”
                        “Wahh… lha yen niku ngaten pun pedamelanipun ngoten ta, Mbah…”
                        Kaya mangkono pacelathon sadurunge gendhing tayub diputer.  Mulane acara tayub mbah Jo enggal bae populer. Dalan dalan, saben acara mau wis wiwit, malih sepi dadakkan. Warga kampung padha pilih nunggoni radione. Malah ana kang jor-joran banter-banteran nganggo disalon. Dilebokake sound system. Desa kiwa tengen pemancar radio kang nyiarake acara tayub mbah Jo mau malih dadi regeng merga radione wong-wong kampung dilebokake sound system….
                        Ora nganti rong wulan jeneng Jayus ing desane ora kocap. Sing ana mung jeneng, Mbah Jo. Ing pasar. Ing koplakan dhokar. Ing warung-warung kopi sing dirembug mung mbah Jo.  Tangga kiwa tengene yen ditakoni Jayus pengarang surialis ngono, malah ora ngerti. Ngertine mung mbah Jo …. Mbah Jo…..
                        Nalika Jayus nembe mlaku liwat ngarep  sawijine Sekolah Dasar, dumadakan mak gruduk…. Ana bocah selawe ngebyuk dheweke. Ngundang jenenge nganggo mbah Jo…
                        “Lha kae, Mbah Jooo….. aku njaluk tandha tangane , Mbah. Bapak kula mangke siang mang puterke gendhing sepedhah pancal, nggih Mbah…..” bocah-bocah mau padha ngrangkul dheweke, nggandheng tangane. Malah ana kang nggandhuli clanane.
                        “Iya…iya…mengko tak puterne. Wis kana padha sinau sing sregep. Mbesuk ben padha dadi wong pinter…”
                        Tekan protelon cedhak bakul dhawet, Jayus sumlengeren. Ora ngira yen penggemare ora mung wong-wong tuwa. Ning jebule bocah-bocah kang isih umbelen barang ya gandrung mbek acara tayub mbah Jo. Sanjeroning batine, rumangsa mbombong. Bocah-bocah kae mujudake generasi muda kang bakale ora ilang sifat jawane. Senadyan ing era globalisasi, pranyata tayub, Mbah Jo uga isih gelem ngrungokake------“ mangkono panglocitane
                        Mlebu plataran baledesa jam nuding angka sepuluh.  Dheweke menyang bale desa arepe poto Ka-Te-Pe. Wong nalika kuwi pancen pas usum-usuman KTP anyar.
                        “Mbah Jo. Mengke foto jejer kula nggih…”. Sawenehe priyayi putri rada sepuh nyemantani dheweke.
                        “Nggih, saged mawon,  Bu Dhe. Ning kula tak ndaftar rumiyin nggih.”
                        “Mangga kula sarengi yen ngaten, rak saged urut panggilane…”
                        “Pak bayan, nomer panggilan kula mang urutne kalih gadhahane, Mbah Jo, nggih. Awit kula kepengin poto jejer kalih kiyambake….”
                        “Ooooalah iki ta,  mbah Jo sing neng radio kae, bayan Kimun kandha sinambi noleh menyang, Jayus. Krungu tembung mbah Jo, wong-wong kang ngrubung ing papan kono banjur padha noleh.
                        “Pundi lho, Pak, mbah Jo- ne?”
                        “Lha iki …”
                        “Wah yen ngaten kula mangke mang urutne foto jejer kiyambake nggiih..”
                        “Kula enggih, pak…”:
                        “Kula enggih…..”
                        “Eeeee ora isa… mbah Jo wis janji arepe poto jejer aku….” Ibu setengah umur kang mau wis disemayani protes.
                        “Sampeyan kok nglarang-nglarang ki pernah apane?. Kono mbek kene rak padha ae…”
                        “Pokoke ora isa….aku luwih dhisik ngerti tekane …”
                        Akhire ibu-ibu kang padha kepengin poto KTP jejer karo, Mbah Jo malih padha tukaran. Cakar-cakaran. Malah ana kang jambak-jambakan barang. Sing rumangsa kuwat terus ninju kancane. Baledesa kono malih rame. Wong-wong kang rubung-rubung ing papan pendaftaran mau malih saya akeh. Ana kang kepengin misah ibu-ibu sing lagi padha gladhen yuda. Ning malah kecakar pipine nganti godras getih. Gladhen yuda nembe leren sawuse hansip desa misah nganggo penthungane. Ibu-ibu kang tumpuk undhung rebutan jejer, Mbah Jo, dipenthungi bokonge siji-siji.
                        “Mpun saniki ngaten mawon. Umpami dolotre ngaten dos pundi?”
                        “Mboten saged. Kula pun disemayani langkung rumiyin kok. Enak temen terus main lotre barang. Padhakne Togel pa-piye, Huh!!!,”
                        “Yen ngoten nggih rekaos. Mangka mengke jejerane rak namung tiyang sekawan klebet, Mbah Jo. Lha sanese mboten kumanan …”
                        “Nggih niki sedaya sareng mawon. Ngga Mbah ….”
                        Mbah Jo diseret dening ibu-ibu kang nembe gladhen mau menyang panggonan poto. Pun ngaten mawon, Mbah Jo teng tengah, sing tiga linggih sandhinge. Dene lintune teng wingkinge sami ngadek. Lho adil ta?”
                        “Lha dadose KTP mengke dos pundi?” sing arepe moto malih bingung.
                        “Pun ta sadados-dadose kula nggih purun. Anggere fotone sareng kalih, mbah Jo. Sebab kiyambake niku angger siaran ajeg mbela kaum wanita. Kula remen sanget. Gendhing-gendhing sing ajeg nyuraosaken sindiran kangge wanita dipun beber kanthi sae….”
                        “Dos pundi niki, pak Lurah?” sing moto protes menyang pak lurah.
                        “Wis turutana ae karepe ibu-ibu kuwi kareben marem.”
                        “Lha mengke KTP-ne pripun?”
                        “Fotone ketok sirahe thok cilik-cilik rak wis apik”
                        Temenan, sidane, Mbah Jo foto KTP dirubung Ibu-ibu. Ibu-ibu ngrubung mbah Jo sinambi poto KTP. Sadawane ratan kang dicatur dening wong-wong kampung ya mung kuwi. Mbah Jo dirubung ibu-ibu. Malah saya adoh nglanjak menyang tangga desa, kabare malih seje karo kenyataane. ------- Mbah Jo dirubung ibu-ibu nganti loyo…… nganti loyo mbah Jo diambungi ibu-ibu. Jare arep digawe poster tanggalan sing diwetokake  pemancar radio sing nyiarake acara tayub Mbah Jo….
                       Kabar ngayawara mau, keprungu menyang kupinge boss perusahaan jamu tradhisional. Naluri bisnise enggal tanggap. Niyate tanggalan mau arepe disponsori terus  ditempeli nganggo produk jamune. Obat kuwat. Wah mesthi hebat.!!!
                        Pranyata poto mau wis tekan kecamatan.  Ing kecamatan petugase uga bingung. ---------“Ana KTP kok potone mung sirah cilik-cilik iki piye?_____
                        “ Dilaporne pak camat ae, kene gak isa mutusi yen KTP kaya ngene,” liyane menehi usul.
                        “Wis wenehna ae KTP kuwi, mandhak wonge ya wis genah ae. Yen gelem ya kon padha poto maneh ae. Yen ora ya wis ben…”
                        “Lha mengke dados masalah ta, Pak?”
                        “Ora-ora… sing neng poto kuwi rak kabeh lansia. Mung mbah Jo dhewe sing isih gagah. Yen mbah Jo kepengin mbaleni anggone poto ya tawanana. Ning aja lali kon mbayar maneh….”
                        “Nggih, Pak…”
                        Pranyata, Mbah Jo dhewe ya marem weruh asile potone. Dheweke mutusake yen ora arepe njaluk dibaleni anggone poto. Bene kuwi ae. Sing bingung ya ben bingung. Mandhak ming foto ae kok dadi masalah ….
                        “Lho, mas…’ jebule sampeyan ta, Mbah Jo kuwi?:” sawenehe wartawan  kang arepe ngliput kedaeyan kuwi malih bingung. Jebul kang arepe diwawancarai ana penyiar radio diperkosa ibu-ibu mau kok kancane dhewe.
       gumun                 “Geneya? Ng ta?”
                         “Apa ora malah mundur? Sastrawan tulis malih dadi sastrawan lesan?”
                        “Apane sing mundur? Paling sing kandha kaya mangkono rak wong-wong tukang nggawe teori kae? “
                        “Sastra lesan apa bisa dadi sastra Cyber, Mas? Saiki rak jamane sastra Cyber?”
                        “Coba sing ngaku sastra Cyber mau nggawe-a pooling menyang internet utawa liyane. Pira jumlah pembacane? Ngko terus dibandhingake karo jumlah penggemarku. Wong-wong kae isane mung teori, umpama nyithak bata, dheweke pintere nggawe cithakan kang apik. Ning bareng didhasarake neng pasar? Pusss, sing  tuku mung siji loro. Lha yen kaya mangkono rak malah mundur. Secara tehnologi dheweke unggul.  Nanging kepriye carane amrih sastra tulis bali kuncara, malah ora dipikirake.  Akhire asil karyane mung ngebaki perpustakaan-perpustakaan, bale bahasa. Blas gak ana sing ndemok, kejaba sing nulis dhewe…..”
                        “Karepmu?”
                        “Karepku kwalitas ya dipikirake. Nanging pasar kanggo kelangsungan uripe media kang dadi ajang kreatifitas direwangi mbudidaya kepriye amrih lestarine. Yen kaya mangkono rak imbang ta?  Teori matenga nganti ndalu yen ajang kreatifitase mampet, sapa sing rugi?”
                        “Sampeyan wani, Mas?”
                        “Geneya gak wani? Wong nyatane ya kaya mangkono?”
                        “Yen ngono aku ra sida wawancara, Mas. Wis terusna anggonmu dadi penyiar Kareben ibu-ibu kae saya gandrung karo kowe…….”
                        Wartawan kancane ninggalake dheweke. Jayus ora perduli. Dheweke nyandhak rokok Ulunge, banjur wiwit laop-laop ngudhal gagasan mbedhah gendhing Ali-ali……*****



Oleh-oleh saka Solo,  11 April 2005






SING TEKA ING WAYAH WENGI
cerkak iki tau di muat neng majalah "Jayabaya"

                Aku nembe bae mulih nalika lawang dithothok saka njaba.  Sirahku rasane senut-senut. Mula nalika lawang dithothok kuwi babar pisan ora dak gape. Malah sikilku njur tak angkat tumumpang meja kawuk kang ngrenggani ruang tamu omah kontrakkanku.
               Sing nothok lawang malah saya seru anggone nothok.  Kepara malah lawangku kaya digedhor-gedhor. Sajak rumangsa waringuten. Ibune, Dhenok enggal metu saka kamar. Kepengin ngerti sapa kang nggedhor lawang mau. Tekan ruang tamu, dheweke nyemantani aku,
                “ Kok ora dibukakake lawang, tamune, Mas…”
               “Coba dibukakake dhewe. Awakku lagi ora kepenak,” aku grundelan. Kok olehe ora nyebut. Genah wayah ngene iki usume wong lagi padha leren kok ndadak maradhayoh. Apamaneh kaya aku kang ngayahi pegawean abot ngene iki, wektu kanggo ngaso dak manfaatake temenan.
               Kriyett !! keprungu selot lawang dibukak nyaiku. Dheweke jumbul weruh sapa kang ana ngarepe. Kepeksa aku ya melu gawok. Malih kepegin ngerti sapa sejatine kang nembe teka kuwi.
               “Ibuu?! Teka dalu sanget anggenipun tindak mriki. Kathik mboten maringi kabar langkung rumiyiin…”
               Krungu panguwuhe, Surti, aku njenggirat mlayu marani lawang. Banjur gagean aku ndheprok sungkem ngambung astane, Ibu kang anyep njejet kaya gedebog. Saka rumangsaku, pasuryane, Ibu malih pucet kaya kapas. Badane rada katon kuru.  Sing mbedakake ibu telung taun kepungkur nalika dak tinggal bara menyang kutha gedhe kuwi mung lageyane. Mbiyen piyambake kagungan sifat kang ramah. Apamaneh marang aku kang mujudake anak kesayangane. Ning wengi iki ketara yen ibu nandhang duhkita. Eseme blas ora katon. Mung njenggureng sajak ngempet kanepson. Nalika dak ambungi astane, piyambake mung meneng. Jumeneng kaku. Ora nuduhake keramahan kaya sabene. Aku malih dadi ora kepenak.
               “Nyuwun pangapunten ingkang ageng, Bu. Keng putra mboten saged nyembadani kados kekudanganipun kala rumiyin, malah kula sampun kumawantun dora. Sejatosipun anggen kula kumawantun dora dhumateng penjenengan, awit saking rumaos lingsem dene kula wonten ing kitha ageng gagal anggen kula usaha…” aku ndhingkluk ora wani mandeng socane ibu kang landhep lan ketus.
               Mbiyen pancen nalika aku arep budhal ngadu nasib menyang kutha gedhe, aku janji menyang ibu yen mesthi bakal kasil. Kanthi ijasah diploma telu, anggitku mesthi bisa oleh pegawean kang nyocoki. Ning jebule pangiraku mleset. Ijasah diploma telu nyel, tanpa nduweni pengalaman, pranyata ora ana gunane. Kabeh lamaranku ditolak dening perusahaan.  Kamangka aku wis kadhung kendhel-kendhelan anak siji kang dak tinggal ana kampung. Sawise sawatara suwe anggonku usaha gagal, aku ora banjur bali menyang ndesa. Ning bertahan ana kutha gedhe. Malah anak bojoku tak boyong sisan. Merga lingsem marang ibu kang wis sepuh, kathik isih kabotan nguripi putune. Sejatine ibu ya nggandholi lan ora tega yen Dhenok anakku banjur tak gawa menyang kutha. Ning aku kasil ngyakinake ibu, yen ing kutha gedhe aku wis cekel gawe kanthi pengasilan lumayan. Ora-orane yen Dhenok bakal kapiran….
               “Aku gela, Narto. Gene kowe wis wani ngapusi ibumu. Apa kang mbok critakake ana ing saben layangmu kang dak tampa, pranyata jumbuh karo kahanan kang sabenere.”
               “Sejatosipun kula mboten tegel ngapusi, Ibu. Ning kula rumaos lingsem dene mboten saged nyembadani menapa ingkang dados idham-idhamanipun, Ibu ….”
               “Banjur ing ngendi sifat lanangmu, cah Bagus? Wiwit kowe isih cilik, ibumu ora tau ngajari kowe ngapusi. Nanging geneya sawise kowe dewasa malah pinter ngapusi ibumu? Ibu gela banget, Narto…” ibu watuk-watuk sedhela. Aku lan Surti mung tumungkul. Ora wani mbantah. Ora wani ngutus ibu supaya enggal mlebu menyang omah.
               “Ing umurku kang saya tuwa ngene iki, ora gampang ngulu ngono bae apa kang mbok kandhakake. Menungsa urip mono mung ana rong perangan. Yen ora sukses ya gagal. Ning kegagalan dudu mujudake alesan kanggo ngapusi….”
               “Nyuwun pangapunten ingkang ageng, Bu,” bola-bali sing kawetu ana lambeku mung tembung kuwi.
               “Olehku mrene mau ora arep nyawang kegagalan usahamu. Aku wis ngerti wiwit mbiyen yen kowe sejatine ana kutha urip rekasa. Ning sing tak pikir mung putuku, Dhenok. Mesakake bocah kae. Isih cilik wis melu nandhang kasangsayane wong tuwane kang ora becus samubarange….”
               “Dhenok nembe bubuk, Bu,” Surti manekake ngomong.
               Gurawalan ibu ngipatake tanganku kang tansah nyekeli astane. Bablas mlaku tumuju kamar panggonane, Dhenok. Aku lan Surti mung pandeng-pandengan, banjur nginthil ana samburine ibu.
               Nalika weruh kahanane, Dhenok. Ibu ngelus dhadha.
               “Kowe sakloron pancen wong tuwa ora nggenah. Coba umpama, Dhenok tetep ana kampung, mesthine ora nganti kaya ngene kahanane. Turu ana amben reyot, bantalan bantal lungset lan kasur bawuken kang ambune apek kaya ngene. Kathik nyamuk pirang-pirang ngrubung awake kang kuru aking. Coba, apa kowe wis ora kuwat tuku obat nyamuk?...”
               Gageyan ibu marani, Dhenok. Bocah umur patang taun kuwi diambungi pipine sinambi didekep kenceng. Ana pojok socane katon eluh ndlewer.
               “Eyang rawuh, cah ayu. Eyang tansah kelingan kowe. Sadurunge bubuk mau apa wis diapalake do’a olehe ngajari, Eyang mbiyen?. Sadurunge ma’em apa kowe isih eling do’ane, cah ayu?  Welingku, aja ninggalake Pangeran kang kagungan urip iki ya, Wuk. Kareben uripmu mbesuk ora kaya bapakmu kang wus wani nglanggar piwulang agama saka ibumu…”
               Weruh ibu ngudang, Dhenok kaya mangkono, aku lan Surti ora kuwat nahan luh. Rasa trenyuh lan welas dumadakan ngondhok-ondhok ana dhadha. Surti banjur nyendhekake sirahe ana dhadhaku. Aku dhewe mung  bisa kamisesegen. Sadawane uripku, ya nembe pisan iki aku nangis. Nangisi, Dhenok anaku kang isih cilik wis melu urip sengsara. Nangisi kelakuanku kang wus nggawe gelane ibu nganti kaya mangkono. Nangisi  kahanan kang sajak ora adil menyang awaku kang digiring menyang nasib kang ora jelas juntrunge. Dhuh Pangeran kang kagungan urip iki, kula nyuwun pangapunten ingkang ageng….”
               “Aku kesel banget. Mula aja mbok ganggu anggonku turu sandhing putuku kene…”
               “Menapa mboten dhahar rumiyin, Bu?,” Surti ngutus ibu supaya dhahar. Ning sajake ibu wis sayah temenan. Sedhela banjur piyambake wis sare nglengger sinambi ngrangkul, Dhenok. Aku lan Surti uga banjur metu saka kamar kono. Banjur nggelar klasa ana ruang tamu. Melu turu.
               Tengah wengi aku ngendhangi kamar maneh. Mbok menawa ibu nglilir. Mengko gek mbutuhake apa ta apa. Dak deleng jebul ibu isih sare nglipus. Aku ngebuti nyamuk-nyamuk kang ngrubung ana awake, Dhenok. Aku dhewe nggumun, Kabeh nyamuk sasat ngrubung Dhenok, dene ibu babar pisan ora ana siji bae nyamuk kang ngrubung. Ning rasa nggumunku ora dak blakakake menyang Surti. Sing dak catur karo Surti  malah rawuhe ibu ing wengi kang nglangut iki. Sapa kang ngeterake? Kamangka ibu mono durung nate tindak mrene. Kathik bengi iki dumadakan muncul ana omah kontrakanku kang apek lan reyot iki Rawuh langsung ndukani aku….
               “Akh, sesuk ae dak takon, Jamal kang kabare nembe endhang menyang desa. Sapa ngerti dheweke kang mbarengi, Ibu tindak mrene.”
               Esuke sidane aku mruput menyang omahe, Jamal, tangga desaku ana ndesa. Tekan plataran omahe langsung aku diplayoni dheweke.
               “Ana interlokal  saka desa, Mas. Kebeneran kok kaya semayanan bae.  Dhik aja kok tutup tilpune, iki wonge wis teka dhewe…” panguwuhe Jamal menyang bojone kang nembe nampa tilpun.
               :Dhik, Narto. Saiki uga balia menyang ndesa, Ibumu tinggal donya…” trataabb atine Narto dumadakan kumesar. Ora percaya.
               “Ibu nembe ana kene ki, Dhe. Gak kleru ta sampeyan.?”
               “Ibumu kuwi lara wis seminggu. Saben ndina tansah nyebut jenengmu lan Dhenok anakmu….”
               “Ning …..” tilpun saka sebrang kana kesusu ditutup. Narto kepengin nyatakake yen kabar mau mung ngayawara. Dheweke bablas bali mulih. Ngungak kamar sing dianggo sare ibune lan Dhenok. Pranyata ibune wis ora ana. Diongak menyang pakiwan ya ora ana. Surti dhewe malah bingung nyawang Narto kang mubeng-mubeng sinambi ngundang-ngundang Ibune.  
               “Banjur sapa tamuku kang teka ing wayah wengi kuwiiiii,” Panguwuhe Narto sadurunge semaput….*****

                                                                                       Trenggalek, 14 Maret 2005
                



 

Tidak ada komentar: