DRAMA TRADISIONAL
JUDUL
ANDHE-ANDHE LUMUT
DIMAINKAN
OLEH
SISWA-SISWI SMP NEGERI 3 TRENGGALEK
PEMAIN :
IBU PARA KLETING : SITI FATIMAH
KLETING KUNING : DWI MURNIATI
KLETING ABANG : KRISTIAN BINTARI
KLETING BIRU : VIVIN
KLETING IJO : INTI
IBU ANDE-ANDE LUMUT : LULUK
ANDE-ANDE LUMUT : BENI
YUYU KANGKANG : AYUDAN MAHARDIKA
RESI : SELAMET
DALANG : YUDI HARTONO
ILUSTRASI MUSIK
JEDOR : GALUNG
KENTHONGAN : DEVIANA DAN JOKO
SUTRADARA / PENGATUR LAKU
JAROT SETYONO
PENULIS NASKAH
JAROT SETYONO
PENDAHULUAN
Diawali musik pengiring gendhing ilir-ilir.....musik semakin pelan, kemudian terdengar suara pak dalang
(Duk nalika semana, ing sawijine desa ana mbok randha kang nduwe anak wadon papat cacahe.. Sing telu mujudake anak kandhunge dhewe, kang aran Kleting Abang .... Kleting Biru ..... lan Kleting ijo. Dene sing siji, sing wuragil kang aran Kleting Kuning mujudake anak pupon kang ditemu ana satengahe alas gung lewang-lewung.. Sedulure telu mau anggone gething marang Kleting Kuning kepati-pati. Amerga ... katelune rumangsa yen kalah ayu karo si-Kleting Kuning.......)
DALANG BERHENTI BERBICARA......
Musik dengan nada gendhing ilir-ilir dikeraskan,, kemudian berhenti . setelah musik berhenti, ibu kleting kuning yang sudah masuk panggung sambil nyapu nyapu bicara sendhiri sambil tolah-toleh
Ibu : O, allaaah. Menyang ngendi anak-anakku
Mau. Ngerti wong tuwa repot, kok ya padha
ra gelem mbantu nyambut gawe lho.
Kleting Abang : Sampeyan kuwi lho, Bu. Wiwit mau yen tak
rungokake kok ngomong dhewe. Ana apa
ta?!
Ibu (sambil nyendhul bathuke : Awakmu iku lho ndhuuuk, ngerti yen wong
Kleting abang, , Sendhulanya dikuwat
kan dengan suara musik) : Tuwa repot ngene kok ya ra gelem
Ngrewangi.....
Kleting Abang : Akh, Ibuuu. Angger-angger mesthi ngono.
Aku sik macak iki lho.
Kleting biru : Ya aja ngono lho, Mbak.
Kleting abang : Biariiin ..... biariin yang penting busana rapi
... terus rekreasi ... Ibu rak wis nduwe
pembantu.
Kleting ijo : Mosok ta, ibu gak ngerti kesenenganku ?!
Kleting Biru : Sapa pembantune ?!
Kleting Abang : Lha kae si Kleting Kuning nggo apa ?!
Kleting Biru : O, iya dhing. (sambil mengawasi ibunya )
Lha wis ana kleting Kuning ngono lho, Bu.
Ibu : Ora, lho ndhuk. Isih esuk wis padha macak
Necis kuwi padha arep nyang ngendi ?!
Kleting Biru : Aku mau kan mentas krungu berita yen ing
desa Dhadhapan kana ana Jaka Bagus kang
nggolek bojo. Lha niyatku karo adhi-adhiku
ki kepengin nglamar dheweke.
Ibu : E, e, e, e,alaaaahhh...dadi kowe padha
kepengin nglamar Jaka Bagus ta? Coba
padha di sawang.... nyapu ae durung becus,
Umbah-umbah ra tau ngurus .....macak ya
Isik kaya tikus ngono kok ndadak reka-reka
Ngunggah-unggahi si Jaka Bagus.
3 Kleting : Ya coba-coba, Bu. Sapa ngerti masuk
nominasi.
Ibu : Yen wis padha dadi kekarepanmu. Iya ta
Ndhuk ibumu mung mangestoni.
3 Kleting : Nyuwun berkah pangestu nggih, Bu. Mugi
-mugi mboten tereleminasi....
3 KLETING MENINGGALAKAN IBUNYA DIIRINGI LAGU RANDHA KEMPLING. BERSAMAAN DENGAN PERGINYA 3 KLETING, TAK LAMA KLETING KUNING MUNCUL. SAMBIL MENDEKATI IBUNYA, IA MEMANDANG KEPERGIAN KE-3 KAKAKNYA.
Kleting kuning : Mbakyu-mbakyuku mau padha arepe
menyang ngendi ta, Bu ?! kok sajak wigati?!
Ibu : Oooo.... kuwi mau padha arep menyang
ndhadhapan, nglamar Jaka Bagus aran
Andhe-andhe lumut.....
Kleting Kuning : Arepe nglamar Jaka Bagus?! Yen ngono aku
ya nyuwun pamit arepe melu-melu nglamar...
Ibu (sambil memandang heran) : Kowe ya kepengin nglamar ?! kok leh ora
Nyawang ragane.... delengen ta, Adus ae
durung rata... rupa ya kaya klasa ... lungseett
kabeh ngono kok arep reka-reka
nglamar..uhhh. Kowe kuwi, dhudha anak
papat ae ra gelem ngambus. Wong ambumu
memper wedhus ngono....
Kleting Kuning : Nggih cobi-cobi, Bu. Sinten ngertos adha
rejeki.
Ibu : Ya yen kaya ngono kekarepanmu, melua
Budhal. Nanging mrenea dhisik tak pacaki
kareben tambah ayumu....
IBUNE PARA KLETING BANJUR MUPURI KLETING KUNING NGANGGO TELEK PITIK DIRINGI MUSIK GEMURUH PELAN.
KETIKA IBUNYA PARA KLETING SEDANG MUPURI KLETING KUNING DENGAN TELEK PITIK ITU,
PAK DALANG BERKATA ......
IBUNYA PARA KLETING JUGA MENYADHARI KALAU SI-KLETING KUNING LEBIH CANTIK DARI KAKAK-KAKAKNYA. MAKA DARI ITU IA KAWATIR KALAU SI-JAKABAGUS NANTINYA AKAN MEMILIH SI-KLETING KUNING. OLEH SEBAB ITU KLETING KUNING IA BUAT SEJELEK MUNGKIN AGAR NANTINYA TIDAK DIPILIH OLEH SI-JAKA BAGUS.
MUSIK BERBUNYI KEMBALI AGAK KERAS KEMUDIAN BERHENTI
Kleting Kuning : Wis ya, Bu aku tak budhal dongakna
ketampa...
Ibu : Cepet kana ndang budhal selak awan .....
KLETING KUNING BERANGKAT SAMBIL BERLENGGANG DIIRINGI MUSIK DENGAN LAGU RANDHA KEMPLING. YANG DINYANYIKAN BARENG BARENG
NDAK PUNDI ...MBAK AYU ...BADHE TINDAK PUNDI ? KOK DINGAREN TINDAK WAE MBOTEN NUMPAK TAKSI. DHEWEKAN APA ORA WEDI.... TIMBANG NGANGGURRRR....KULA PURUN NGANCANI ......
MUSIK BERHENTI.
LAYAR DITUTUP.
DALANG BERDIALOG .....
TAN KOCAPA LAKUNE SI-KLETING ABANG, KLETING BIRU, LAN KLETING IJO TEKAN SAPINGGIRE BENGAWAN.....
MUSIK BERGEMURUH SEBENTAR LALU BERHENTI
Kleting Abang : Walaaaaaaah kaline kok banjir ngene, Dhi.
Priye iki anggone nyabrang ?!
Kleting Biru : Ngono ae kok repot ! coba kae ana pawongan
kang lagi ngesis ana ngisor wit, kita
cedhaki.... sapa ngerti gelem nyabrangake.
Kleting ijo : Kowe ae, Yu sing kandha....
Kleting Biru : Pak Dhe, apa gelem sampeyan nyabrangake
aku wong telu?!.
Yuyu Kangkang : Hee...ndhuk, cah ayu-ayu. Padha arep
menyang ngendi kok wani-wani midak papan
kene. Kamangka tlatah kene ki kondhange
wis ka-onang-onang angkere ...
Kleting abang : Aku Kleting abang, Lha sing loro iki adhi
-adhiku ... jenenge kleting ijo karo kleting
biru.
Yuyu Kangkang : Ooo... Kowe cah telu ki jenenge Kunthing
ta?!
Kleting Ijo(sambil cemberut) : Aku kleting ijooo... dudu Kunthing.
Kleting Abang : Aku Kleting abang, pak Dhe.
Kleting Biru : Aku Kleting Biru..... mosok wong ayu-ayu
kaya ngene diarani Kunthing?! ( Sambil mlerok )
Yuyu Kangkang : Eee lhadalaahh ... dadi kowe kuwi kabeh
tukang jaga pos kampling ?!
Para Kleting(berteriak kesal) : Kletiiiiing.( wong telu mbengok bareng)
Yuyu Kangkang : Ooo... kleting? Krunguku Gunting...
Kleting ijo : Lha Sampeyan sapa, Pa Dhe ?!
Kleting Abang : Gelem ora nyabrangake aku ?!
Yuyu Kangkang : Kapan aku rabi karo mbok dhemu?!
Kleting Biru : Wis ta sapa-sapa sampeyan kuwi ora penting
Sing penting.... gelem pa ora nyabrangake
aku wong telu ?!
Yuyu Kangkang : (Ngguyu cekakakan) Dadi, kowe padha
kepengin nyabrang ta?!
Para Kleting (sinambi
njumbul kaget) : Aja seru-seru anggonmu ngguyu, ta, Pak
Dhe ... kaget aku.
Yuyu kangkang : gelem-gelem ae aku nyabrangake. Ning
kudu ana opahe...
Kleting ijo : Opahe apa?!
Kleting Abang : Dhuwitku akeh, pak Dhe. Apa kowe pengin
dhuwit?!
Kleting Biru : Aku sangu Gedhang godhog karo es krim
Nyoooh yen gelem..... (sinambi ngelungake
buntelan)
Yuyu Kangkang : Mangan dhuwit ndhak marahi stroooke.
Gedhang aku wis nduwe dhewe ...kathik
gedhangku luwih gedhi timbang
gedhangmu.....lha es krim??!,ndhak marahi
ambeiien...
(sinambi nyablek bokonge dhewe)
Para Kleting : Lha Njalukmu apa, pak Dhe?!
Yuyu kangkang : Panganan sing marahi awet noom, no...
Kleting ijo : Yen ngono kowe mesthi njaluk jamu ?!
Yuyu Kangkang : Kuwi lho panganan sing jeneng Piluusss...
Kleting biru : Pilus ki apa ta?!
Yuyu Kangkang
(sinambi ngguyu cekakakan) : Pilus mono ...pipi mulus .... alusss....
menyus-menyus.... hua haa haa haa
Para Kleting
(sinambi ndomblong) : Haaaaahhhhh !!!!
Kleting ijo : Wedi aku, mbakyuuu....!!!!
Kleting Biru : Emoh aku, mbakyu wong umbele meler ae
ngono kok.
Kleting Abang : Ngene lho dhi, awake ki rak butuh nyabrang
Lha sing isa nyabrangake kuwi ya mung
wong elek nggilani iki. Paling pipine awake
mung disengok-sengok thok rak ora kalong
ta ?!
Yuyu Kangkang : Piye ?! gelem apa ora ?!
Kleting Abang : Ya wis aku gelem.... ning olehe nyengok
alon-alon ya, pak Dhe.
Yuyu Kangkang
(sinambi ngguyu cekakakan) : Huaa haaa haaaaa Wis ta aja kuwatir, yen mung
perkara sengok-menyengok ngono kuwi, aku
iki ahline ...aku wis pengalaman. Ora-ora yen
ndhempulane padha gogrok ...wis kene gek
ndang nyedhak kene tak bopong kareben
penak anggonku nyengok... huaa haaa haaa
haaa
PARA KLETING TERUS MENDEKATI, YUYU KANGKANG, SAMBIL MEREKA BERLENGGANG, MENARI SAMBIL DIIRINGI MUSIK DENGAN LAGU LENGGANG-LENGGANG KANGKUNG.
( LENGGANG-LENGGANG KANGKUNG .... KANGKUNG DIBUMBU MRICA .... ADUH ATIKU BINGUNG ANA YUYU NJALUK AMBUNG ..... ADHUH ATIKU BINGUNG ANA YUYU NJALUK AMBUNG.....)
sambil terus menari, yuyu kangkang menimpali dengan syair ......
(..... krubyuk-krubyuk sengoookkk .........aauuu......(para kleting teriak karena disengok). .krubyuk-krubyuk sengoookk .........aauuu....... . alaah krubyuuuk....krubyuuuuk sengook )
MUSIK BERHENTI.
LAYAR DITUTUP.
DALANG BERDIALOG...
TAN KOCAPA LAKUNE SIKLETING KUNING KEPLANTRANG TEKAN SWIJINE PAPAN KANG DURUNG NATE DIAMBAH. NALIKA DHEWEKE NEMBE BINGUNG, DUMADAKAN ANA SAWIJINE PAWONGAN KANG NYEDHAKI DHEWEKE
Resi ( dengan suara lembut) : Ngger cah ayu, sejatine sapa kowe kok
keplantrang tekan dhaerah sepi kaya
ngene ?!
Kleting Kuning : Nami kula Kleting Kuning, Eyang begawan!.
Penjenengan sinten ?!
Resi : Ya aku iki Resi kang mesanggrah ing papan
kene.
Kleting Kuning : Ooo... nyuwun pangapunten menawi kula
lepat. Anggen kula dumugi papan mriki awit
kula badhe dhateng dhusun dhadhapan
nginggah-inggahi Si-Jaka Bagus kang Aran
Andhe-andhe Lumut.
Resi : Yen kaya mangkono niyatmu, aku wong
tuwa mung mangestoni. Ning barang iki
gawanen, sapa ngerti kena kanggo ngrewangi
kowe yen nemu alangan ing ndalan.
Kleting Kuning : Lha menika naminipun menapa ta, Bapa.
Kok bentuke lonjong, gilik .... kathik dawa
pisan....(sinambi ngiling-ilingi).
Resi : Ya kuwi kang diarani sada lanang, ndhuk...
Kleting Kuning : Lajeng caranipun ndamel menapa dipun
suduk-sudukaken ngaten ? ( sambil nyuduk
-nyudukne sada lanang)
Resi (sambil terkekeh): : Kuwi yen sada lanang biasa. Ning iki sada
lanang kang kasektene pinunjul, mula carane
nggunakne sabetna menyang apa kang
ngalang-alangi anggonmu mlaku. Wis kana
gek enggal budhala ...
Kleting Kuning : Nyuwun pangestu panjenengan, Bapa.
MUSIK BERBUNYI , KLETING KUNING MELANGKAH MENINGGALKAN RESI.
LAYAR DITUTUP.
Yuyu kangkang : Jiiaaabang bayiiik !!!sapa ambune kok bacin
-bacin letheg kaya ngene iki?!. Yen nyawang
wujude kaya menungsa ... ning yen nyawang
ambune kok kaya knalpotttt....
Kleting Kuning : Aja ngenyek kaya ngono ta, pak Puh. Elek
-elek ngene selebriti lho !! .... Jenengmu yuyu
Kangkang ta ?!
Yuyu Kangkang
( sinambi ngguyu cekakakan) : Jebul kowe wis ngerti jenengku ta ?! yen
mangkono aku ki rak klebu terkenal. Lha
wong buktine kowe ngevan nyang aku ngono
kok.
Kleting Kuning : Aku sabrangna ya, Pak Puh ?!
Yuyu Kakang : Lha wong ambumu kothak-kothak kaya
ngono kok kongkon nyabrangne. Bidhuren ta
aku ngko.
Kleting Kuning : Dadi kowe ora gelem nyabrangake aku ?!
Yuyu Kangkang : Mbok diopahi bengkok sepuluh hektar aku
emoh nyabrangake kowe....
Kleting Kuning : Yen kaya mangkono ... nyoooohhh iki
Tampanana.....
KLETING KUNING NYABETNE SADA LANANG PARINGANE RESI DIIRINGI MUSIK GEMURUH SEBAGAI GANTINYA SUARA BADAI DAN HALILINTAR SAAT TERJADI KEAJAIBAN DITEMPAT ITU.
DIALLOG DALANG ....
TAN KOCAPA, KETIKA KLETING KUNING MEMUKULKAN SADA LANANG KEARAH BENGAWAN, TERJADI KEAJAIBAN DENGAN DITANDAI SUARA HALILINTAR DAN GEMURUHNYA ANGIN RIBUT. KEMUDIAN SEDIKIT DEMI SEDIKIT AIR SUNGAI MENGERING. MEMBUAT YUYU KANGKANG MENGERANG KESAKITAN.....
SAMBIL MENAHAN RASA SAKIT, YUYU KANGKANG MEMOHON AMPUN KEPADA KLETING KUNING.
( MUSIK BERHENTI)
Yuyu Kangkang : Hoooadhuhhhhh biyuuunggggg larane kok
kaya ngene ?1 ngalah-ngalahne wong lara
rematik. Ampun Kleting Kuning. Aku tobattt,
balekna banyu kali kae supaya awakku ora
kaya dhendheng ngene iki.
Kleting Kuning : Dadi kowe wis kapok tenan ?!
Yuyu Kangkang : Sumprit aku wis kapok temenan.
Kleting Kuning : Yen kaya mangkono banyu kali arepe dak
balekake kaya asale.....
SEKALI LAGI KLETING KUNING NYABETAKE SADA LANANGE, DIRIRINGI MUSIK GEMURUH .
DIALOG DALANG,
KETIKA SADA LANANG DIPUKULKAN UNTUK YANG KEDUA KALINYA, TERJADI KEAJAIBAN KEMBALI SEPERTI SEMULA. DAN LAMA KELAMAAN AIR BENGAWAN MENGALIR SEPERTI SEDIA KALA......
MUSIK KEMBALI BERGEMURUH AGAK KERAS LALU BERHENTI.
LAYAR DITUTUP.
DIALOG DALANG
PERJALANAN KE-3 KLETING TERNYATA SUDAH SAMPAI DIRUMAH MBOK RANDHA DHADHAPAN......
Kleting abang : Kula nuwunnn......
Kleting biru : Permisiiii.....
Kleting Ijo : Sampurasunnnn....
Mbok Randha Dhadhapan : Wah-wah-wah .... iki ana prawan ayu-ayu pa-
(sambil menggeleng-gelengkan kepala
menyambut kedatangan ke-3 kleting) Dha mrene. Ana perlu apa, cah ayu ?!
Kleting abang : Menapa leres mriki menika griyanipun mbok
randha dhadhapan ingkang kagungan Jaka
Bagus, Nggih Budhe ?!
Mbok Randha : Bener, Ndhuk. Padha mrene apa padha arepe
nglamar kaya prawan-prawan liyane ?!
Kleting Biru : Nggih, Budhe. Kula mang lamaraken
rumiyin, nggih.
Kleting ijo : Kula mawon sing rumiyin.
Kleting abang : Kula sing paling sepuh mesthinipun kedah
paling rumiyin.
Mbok Randha : Mengko ta aja padha rebutan. Kabeh tak
tembungake..... ( kemudian musik berbunyi,
mbok randha bernyanyi) .... Putraku si.....
andhe....andheee lumut. Tumuruna ana putri
kang ngunggah-unggahi. Putrine kang ayu
rupane ....kleting abang iku kang dadi arane
....(ketika itu sambil terus menari, Kleting
abang menepuk dhadhanya menyombongkan dhirinya)
Andhe-andhe lumut : Buu ... sibuuuu.... kula mboten mudhun. Bu
...sibuuuu .... kula mboten purunn ... putri
wau sisane si Yuyu kangkang.
Mbok Randha : Mengko ta aja padha rebutan. Kabeh tak
tembungake..... ( kemudian musik berbunyi,
mbok randha bernyanyi) .... Putraku si.....
andhe....andheee lumut. Tumuruna ana putri
kang ngunggah-unggahi. Putrine kang ayu
rupane ....kleting biru iku kang dadi arane
....(ketika itu sambil terus menari, Kleting
biru menepuk dhadhanya menyombongkan dhirinya)
Andhe-andhe lumut : Buu ... sibuuuu.... kula mboten mudhun. Bu
...sibuuuu .... kula mboten purunn ... putri
wau sisane si bakul tahu.
Mbok Randha : Mengko ta aja padha rebutan. Kabeh tak
tembungake..... ( kemudian musik berbunyi,
mbok randha bernyanyi) .... Putraku si.....
andhe....andheee lumut. Tumuruna ana putri
kang ngunggah-unggahi. Putrine kang ayu
rupane ....kleting ijo iku kang dadi arane
....(ketika itu sambil terus menari, Kleting
ijo menepuk dhadhanya menyombongkan dhirinya)
Andhe-andhe lumut : Buu ... sibuuuu.... kula mboten mudhun. Bu
...sibuuuu .... kula mboten purunn ... putri
wau sisane si bakul soto.
MUSIK BERHENTI.
Mbok randha : Kowe krungu dhewe jawabane ta ?! sing
gedhe pangapurane ya, ndhuk.
Kleting abang, biru, ijo : Nggih, Bu dheeeee.
SAMBIL MENINGGALKAN TEMPAT ITU, PARA KLETING BERNYANYI LENGGANG-LENGGANG KANGKUNG
( LENGGANG-LENGGANG KANGKUNG ... KANGKUNG DIMASAK PEDHES ... ADHUH ATIKU BINGUNG ..... JAKA BAGUS MARAHI MUTUNG ...... ADUH ATIKU BINGUNG ....JAKA BAGUS NJALUK DIPENTHUNG......)
MUSIK BERHENTI
LAYAR DITUTUP
DIALOG DALANG ....
KETIKA KE-TIGA KLETING SAMPAI DIHALAMAN RUMAH MBOK RANDHA, BERTEMU DENGAN KLETING KUNING.....
Kleting Kuning : Lho... Mbakyu kok padha bali ki apa wis
tutup pendhaftaran lamaran ?!
Kleting abang (dengan nadaCongkak): Kowe kuwi nyangapa mrene ?! apa
ya arep nglamar Jaka Bagus sing sombong
kae ?!
Kleting kuning : Lho .... sombong priye ta ?! aku pancen arepe
melu nglamar. Sapa ngerti ditampa....
Kleting Abang, Biru, Ijo : Haaaaaa?!(sambil memandang dengan penuh penghinaan )
Kleting Kuning : Kenapa ?! badanku kan seksi... wajahku ...
Kleting Abang, Biru, Ijo : Haaaaa?! (sambil memandang semakin menghina)
Kleting Abang : Kowe kuwi mbok ya nyebut. Aku ki kurang
apa ?! Bodiku ....?! ( sambil memutar tubuh)
Rupaku..?! (Sambil wajahnya didekatkan ke depan
kleting kuning) .....
Kleting Biru : Kok leh ora nyebut huhhh (sambil malangkerik dan
mencibir)
Kleting ijo : Wis muliha ae tuwas ngisini-ngisini keluarga
besar kunthing ..... eh ... Kleting. Yen kowe
tereliminasi pisan mengko, Popularitase
para Kleting malih mrosot yen kowe
barang melu-melu nglamar....( sambil mendorong
kleting kuning hingga jatuh)
Kleting Abang : Wis jarna ae, dhi. Ayo ditinggal bali ....
KLETING ABANG, BIRU DAN IJO SEGERA PERGI MENINGGALKAN TEMPAT ITU. DIIRINGI MUSIK SAYUP-SAYUP.
LAYAR DITUTUP
Kleting Kuning : Kula nuwun.... Kula ingkang sowan, Bu dhe.
Mbok Randha : Lho ...iki sapa maneh? ana wong kok ambune
kaya Knalpot....( sambil menutup hidungnya ) apa
ya arepe nglamar anakku kowe mrene ?
Kleting Kuning : Menawi dipun keparengaken, bu dhe....
Mbok Randha : Coba tak tembungake ( kemudian musik berbunyi,
mbok randha bernyanyi) .... Putraku si.....
andhe....andheee lumut. Tumuruna ana putri
kang ngunggah-unggahi. Putrine kang ala
rupane ....kleting Kuning iku kang dadi arane
....(Kleting Kuning menari mengitari mbok randha
sambil melambai-lambaikan sada lanang)
Andhe-andhe lumut : (sambil melangkah menghampiri Kleting Kuning) Buu ...
sibuuuu.... kula badhe mudhun. Bu
...sibuuuu .... kula inggih purunn ...nggih
menika sang putri kang kula suwunnnn......
Mbok randha : Apa ora kleru ta ngger putraku si andhe
andhe lumut ?! wong putri kaya cowek ngene
kok malah gelem.
Andhe-andhe lumut : Senadyan kados cowek ning manahipun
kados emas, Bu.
Mbok Randha : Ngger Kleting Kuning, beja kemayangan
kowe. Pranyata putraku milih sliramu. Mula
kene enggal padha sungkem ibu dak
pangestoni anggonmu jejodhowan....
(Andhe-andhe lumut dan Kleting kuning segera sungkem
kehadapan mbok randha)
MUSIK BERBUNYI DENGAN NADA KAPAN-KAPAN, SELURUH PEMAIN KELUAR.
PAK DHALANG MENGAKHIRI PERGELARAN DENGAN DIALOG
(....... Tan kocapa, setelah berjumpa dengan Kleting Kuning, Andhe-andhe Lumut berubah menjadi PANJI ASMARA BANGUN, YAITU PUTRA MAHKOTA KERJAAN KEDIRI. Dan Kleting Kuning berubah menjadi PUTRI GALUH CANDRA KIRANA yang merupakan Permaisuri dari Panji Asmara Bangun. Dengan demikian berakhirlah pengembaraan Putra Mahkota Kerajaan Kediri dan siap dinobatkan menjadi Raja Kediri. Keduanya akhirnya dapat berhasil berkumpul kembali dan menjalani hidup bahagia .... sekian.)
TAMAT