Jumat, 02 April 2010

MENIKA BLOGIPUN TIYANG TRENGGALEK


Kitha Trenggalek menika manggen wonten tlatah propinsi jawa timur. Kathah priyantun sami endhang dhateng Trenggalek mirsani seganten, mirsani guwa lawa, mirsani kesenianipun dalah ngincipi  camilan khas Trenggalek arupi alen-alen, geti lan sapanunggalanipun. Lan menika pasugatan kangge para sutresna ingkang remen sastra. wonten video senadyan radi kirang nuju prana gambaripun (maklum ragad piyambak kathik taksih amatiran), wonten mp3 geguritan, wonten artikel, wonten alaming lelembut. (emanipun taksih alaming lelembut dhaerah sanes ingkang taksih saged kapacak ing mriki) lan sanes sanesipun. Nyuwun duka bilih pasugatan menika kirang nuju prana dhumateng penggalihipun para sutresna basa jawi. Sumangga dipun nikamti pasugatan menika.
Akhire sedya, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
nuwun.